KARSEM SANG PENARI

125 Viewed Redaksi 0 respond

IBU KARSEM KORBAN KEKERASAN SEKSUAL
TRAGEDI 1965-66 DARI PEMALANG JAWA TENGAH
Transkrip Wawancara RED Dok.Film
(Pengambilan Satu)

(Oleh Bedjo Untung)

Bj : Mbah Karsem,

Karsem: Dalem …

Bj : Silakan Mbah Karsem memperkenalkan diri, siapa namanya, umur berapa tahun,
dahulu pada tahun 1965 sebagai apa termasuk Bapaknya dan sebagainya,
silakan ……

Karsem: Karsem, umur kelahiran kawan doso kalih. Nah, wong kados puniko rame-rame,
kulo inggih mpun nglampahi seneng wong kulo mpun mbojo sepisan. Lah, niku
kulo nggih boten dicepeng, boten dibekto tapi tiap malem kulo dipurugi kalih tiyang
sing boten kulo kenal. Kulo dibekto duko teng pundi, muka kulo ditutup lajeng kulo di
…. kados niki. Pokoke, nah coro kasare niku kulo diperkosa, ngantos kulo boten sadar.

           Kulo LEKRA inggih jogedan, GERWANI kulo nggih nderek. Kancane kulo niku nggih  
           kathah ingkang sampun pejah sedoyo. Nggih wonten Mujiman, Sindon, terusane  
           Warmad, Darsiyah. Pokoke kathah, kulo ngantos sapriki kadose mpun boten kemutan.  
           Kulo boten diukum, boten dicepeng,  cuma tiap malem kulo dipurugi dibekto teng  
           pundi kulo boten ngertos, niki muka kulo ditutup. Kados niku. 

Bj : Niku sing murugi sinten?

Karsem: Boten ngertos, tiyang sekawan. Ngertose kulo niku, wong kulo dideleh pundi boten
ngertos. Kulo dikados niki. Dicepeng ngriki kaliyan ngriki. Yen ora gelem …….. nggih
dibunuh, kados niku. Tiap malem niku.

Bj : Sampai berapa bulan, Bu.

Karsem: Dua bulan, hampir tiga bulan.

Bj : Ibu boten mengenali siapa orang yang memperkosa pakai pakaian warna apa.

Karsem: Boten, punopo pakaian ireng, punopo ijo amargi muka kulo terus ditutup.

Bj : Niku terjadine jam pinten.

Karsem: Boten mesti, pak. Terkadang bibar Isa, terkadang jam setengah rolas. Wong senien rak
boten wonten lampu kados saniki. Ya Allah Gusti, wong angger kulo boten kecandak,
kulo ngumpet wonten pinggir lepen kados niki. Bapake kulo, duko wonten pundi.

Bj : Nuwun sewu punopo Bapake Ibu nggih tumut kecepeng punopo kepripun.

Karsem : Boten mangertos, kadose nggih tumut kecepeng.

Bj : Bapake Ibu kala semanten nyambut damel nopo lan ikut organisasi nopo.

Karsem : Tani, pak. Derek buruh macul.

Bj : Ngantos pinten tahun panjenengan boten kepanggih Bapak.

Karsem : Nggih dangu. Saderenge wonten rame-rame LEKRA, mpun dipendet, duko minggat
wonten pundi kulo boten ngertos. Lajeng, sareng wonten rame –rame LEKRA dipun
pendet, piyambake ketingal nggih langsung dipun pendet, duko sapriki ical.

Bj : Dados Bapake Ibu termasuk korban diculik punopo langsung dipejahi.

Karsem : Boten mangertos, wong boten wonten bathange nggih mestine diculik.

Bj : Niku terjadi kinten-kinten tahun pinten.

Karsem : 1965

Bj : Cobi panjenengan cerito kawontenan dusun ibu, punopo kathah griyo ingkang
dipun bakar.

Karsem : Kathah, nanging boten ing dusun kulo, nggen dusun kulo aman, sak dusun Sidomulyo
niku aman. Sing kathah kejadian niku mriki, ….. ah nggen dusun Cegeran, kathah sing
dbledugi lan dirusak. Nggen dusun kulo boten, naming kathah tiyang sing dicepengi,
dipenthungi, dilabrak saben bengi, kados niku.

Bj : Kinten-kinten wonten pinten griyo ingkang dipun bledugi.

Karsem : Kathah.

Bj : Seket, rong puluh, telung puluh, satus?

Karsem : Kadose nggih atusan.

Bj : Lajeng, tiyang-tiyang ingkang sami dipun tahan, dipun cepengi nggen dusun
panjenengan, niku kinten-kinten tiyang pinten.

Karsem : Kathah, pak. Boten saged ngetang. Ngapunten kemawon, soale uwong-uwong sing
diculik dalu-dalu, kadang-kadang dipenthungi turut nggili, ngantos tulung-
tulung, terus kulone – ngapunten,- kulone boten sabaran, yakin …… Kulo
syukur ngumpet, anggere kulo boten kapendet kulo ngumpet.

Bj : Panjenengan ngumpete wonten pundi.

Karsem : Teng pinggir lepen. Kulo turune nggen pinggir lepen, kados puniko.
Ngapunten, mandap san jogedan, konco kulo sami dijabudi. Kulo kaleresan
saged mlajar. Kulo ngebrag sarono gilo, mpun kulo ngebrag mawon, barang mati
yo wis nang kene, sing penting kulo umpetan, kulo ngumpet sapinggire lepen,
gesruk. Makaten puniko. Griyane kulo pancen caket lepen.

Bj : Konco-konco Ibu ingkang nate menari wonten LEKRA punopo wonten
ingkang dipun cepengi.

Karsem : Kathah, ingkang dipun cepeng.

Bj : Cobi, menawi taksih enget, sinten mawon.

Karsem : Yen boten salah, niku wonten sedasa, sing GERWANI, sing LEKRA. Lah sing boten
niku, kulo terus terang nggih mung Karsem niki.

Bj : Panjenengan?

Karsem : Inggih, kados niku. Cuman, sing susahe nang griyo. Angger boten purun dipurugi,
ditokake arit, pak. Lah, kulo kepripun. Moso bodho lah, terserah sampeyan podo.
Tapi kulo karo nangis ora udheng ngomong, Pak, asli.

Bj : Wekdal semanten, tiyang-tiyang ingkang sami bade ngrudo-pekso panjenengan,
niku ngancame kepripun.

Karsem : Yen ora gelem, kowe dak pateni.
Lha kulo timbang mati, yo terserah sampeyan. Ketimbang kulo mati wong kulo isih
kepingin urip. Kulo lajeng dipun bekto. Boten sumerep dibekto dateng pundi. Niku
hampir tiap malem. Niku laminipun rong sasi ngantos telung sasi.

                   Alhamdulilah, kulo diparingi sabar, nggih urip ngantos sapriki. Nanging konco kulo  
                   sing tunggal jogedan mpun boten satungal-tunggalo. Pancen kulo nggih lampar,  
                   dugi pundi-pundi. Jarene, aku jogede  rodo ngerti anggere aku nang ngarep. Mbuh  
                   Anjangsana, mbuh Genjer-Genjer, mbuh kepriye-kepriye nyatane kulo dadi wong  
                   ngarep. 

                   Kulo tah pancen bodho. Tulisan babar pindah boten ngertos, wong kulo boten  
                   sekolah. Gawarane  Karsem niku koyo opo, nomere nggih koyo opo, boten ngertos. 

Bj : Dados panjenengan sekolahe SD ngantos kelas pinten.

Karsem : Boten sekolah, sama sekali boten.

Bj : Menawi Ibu taksih inget, tiyang-tiyang jaler se dusun ingkang dipun tangkepi,
naminipun sinten malih.

Karsem : Kadose, boten inget.

Bj : Punopo panjenengan nate bezoek wonten kamp Pabrik Rokok Serok nopo
Penjara Pemalang.

Karsem : Boten, boten sama sekali badhe bezoek sinten.

Bj : Wekdal semanten ibarate Bapake panjenengan ical, lajeng punopo Ibu taksih
wonten.

Karsem : Nggih, bapake kulo ical. Ibu taksih gesang, tapi ibu niku tansah mikiraken
kulo kados tiyang stress, gawene longak-longok. Wong, larene kurang kathah,
mung tigo, istri sedoyo.

Bj : Panjenengan nomer pinten.

Karsem : Kulo nomer kalih. Sing nomer setunggal sampun pejah. Kantun setunggal wonten
dusune piyambak, Kendalsari.

Bj : Niku naliko griyo-griyo sami dipun bledug, ingkang bledug sinten punopo tiyang-
tiyang saking dusun piyambak punopo saking dusun sanes.

Karsem : Boten ngertos, pak, asli. Soale wong bengi, si. Lamun awan, nggih boten ngerti
juga. Kados niku mesthine nglimpe. Punopo gemrebeg langsung mbledhug rak
mestine boten.

Bj : Nggih termasuk tiyang ingkang badhe ngrudo-paksa Ibu.

Karsem : Nggih, boten ngertos. Punopo niku tanggane, nopo sinten. Angger ditangkep
jeg, ape anut opo ora. Angger ora anut, tak bunuh.

Bj : Niku sareng muka ditutup langsung dibekto pundi, kinten-kinten.

Karsem : Yo, dibekto tebih saking griyo. Mesthine nggen sing kosong-kosong, ndean.

Bj : Niku mlampah nopo kepripun.

Karsem : Dibopong, dipanggul. Kapan wangsule, ndean dipanggul, dibrukake teng batur.

Bj : Ibu dalam keadaan pingsan, punopo pripun?

Karsem : Yo, pernahe pingsan, diombeni banyu anget, kulo klakon, berat, Pak. Mending
diukum bae, batire akeh tinimbang wonten griyo.


Bj : Bu, gembira saja. Biar inget. Niku angger cerito kados mekaten, niku anggere
mpun keluar, rasane plong, kawetu. Sudah bertahun-tahun. Kita keluarkan, kita
lego.

IBU KARSEM KORBAN KEKERASAN SEKSUAL
TRAGEDI 1965-66 DARI PEMALANG JAWA TENGAH
Transkrip Wawancara RED Dok.Film
(Pengambilan Dua)

Bj : Mbah Karsem

Karsem : Dalem

Bj : Nuwun sewu saderengipun, nggih, kersane cerito panjenengan niku langkung
Jelas, kulo nyuwun pirso, cobi dipun ceritaaken naliko tiyang-tiyang bade
ngrudo-pekso panjenengan. Niku nggertakipun kepripun, tiyang pinten
ingkang mlebet dateng kamar, lajeng Ibu kepripun, punopo nolak, punopo
teriak, ngantos dipun bopong. Cobi caritaaken, monggo.

Karsem : Makaten, Pak. Nyuwun pangapunten.
Yen mlebet nggen kulo, niku boten undang-undang. Mung ndubrak brak pager.
Niku pager senien rak ngangge pager. Niku pager njeblos, lawang , langsung
kangge mlebet, terus kulo dibekto, digered, kados niku. Lha, mongko simake
kulo niku tileme kan sanes enggen. Lha, mesthine simak kulo nggih kelangan.
Wong boten gumerah, mrikune niku boten gumerah, boten undang-undang.

Bj : Lajeng njenengan langsung dibopong, ditarik?

Karsem : Inggih, kulo langsung ditarik, kulone dibekem, mata ditutupi, niki cangkem
dibekem. Kados niku, Pak, ngapunten mawon. Soale, kulo sanjang sawontene,
perbuatane wau tiyang ingkang berbuat kalih kulo kados niku.

Bj : Lajeng kinten-kinten dipun bopong, mesthine mlampahe rak radi lami punopo
tebih. Ibu dipun srogaken wonten pundi, tiyang-tiyang ingkang sami ngrudo-
pekso Ibu, wekdal samanten wonten tiyang pinten.

Karsem : Boten mesthi, Pak. Kadang sekawan, kadang gangsal. Tiap maleme niku boten
wonten sing tigo, boten wonten sing kalih. Kadang-kadang nggih niku, gangsal,
sekawan, gangsal, sekawan. Wonten sing tiyang enem yen boten salah kulo
tak etung. Niku sing berbuat kalih kulo mung tiyang satunggal. Sing bekto kulo
tiyang enem, nanging sing tiyang gangsal boten. Niku sing terakhir, meh badhe
tigang sasi. Kadose radi melas, ndean kalih kulo. Amargo awake kulo cilik khok
dikadosaken niku. Ndean, ndean. Dadose boten nemen-nemen ngrikone sing
tiyang gangsal niku.

Bj : Niku dipun bekto dumateng pekarangan punopo panggenan pundi.

Karsem : Boten dumateng panggenan, nanging dateng pekarangan, teng pekarangan
suwung kados niki. Kulo ngantos niki, niki ngantos sapriki malah wonten tatune,
kecocok bokonge. Ngapunten, Pak. Aduh, nelongsone boten kiro-kiro. Ora
gelem pateni, gelem kok nyoro temen.

Bj : Nuwun sewu, sareng dipun rudho-pekso niku, punopo Ibu ken kondur
piyambak punopo dipun bopong malih dumugi griyo.

Karsem : Dugekake, Pak. Mung kadhang-kadhang dugekake kadhang-kadhang boten.
Kulo nate ngantos bedug teng pekarangan pepe, boten kraos kados tiyang pepe
wonten perkawisan kados niki. Boten kroso, niki kulo pepe nang endi. Krosone
bareng mpun sadar meh Maghrib. Kulo lajeng ngguling wonten lepen, boten
wangsul. Kulo mandap dateng mriki nggen gerong-gerong. Niku terakhir meh
tigang bulan. Kulo nggih sadar. Kulo ora susah turu ngomah. Percuma. Tapi kulo
kan ya, Allah, kaliyan niki gede niki. Dumugi sapriki, Pak. Saking sukere.

Bj : Dados sareng kejadian piniko, panjengengan lajeng ngumpet wonten lepen,
lajeng tiyang-tiyang ingkang bade ngrudo-pekso boten sumerep malih.

Karsem : Inggih. Mboten sumerep malih. Soale dereng wonten listrik, sih Pak senien. Tur,
kulo rak mriki kebon suwung, mriko nggih kebon suwung. Lha, niki ler lepen griyo
kulo. Kulo ngumpete nggen panggenan sing boten wonten griyo, sing adoh sisan.
Ngumpete pinggir lepen niku. Nang gisik. Taksih wonten, niko lepene, hehehe….
Sing pranti ngumpet kulo bekase.

Bj : Nggih, dados dalem nyuwun pangapunten, manggihi ceritanipun panjenengan
ingkang trenyuh sanget. Dalem kepingin mireng, puniko ngantos tahun pinten
Ibu punya perasaan kados takut, dikejar-kejar seperti dihantui kados badhe
dirudo-pekso malih. Ngantos tahun pinten punopo kepripun.

Karsem : Bibar kejadian niku wong nyatane mpun tentrem, kulo nggih sadar, mbok menawi
sampun lerem. Kulo mulai pikiran jejeg, wis ora ana maning …… ndean.
Kulo pikirane nggih ngoten, mpun.

Bj : Panjenengan mireng menawi kathah konco-konco ingkang dipun buang
wonten Pulau Buru, Nusa Kambangan. Punopo Ibu inggih wonten konco
ingkang dipun buang mriko.

Karsem : Kadose boten wonten.
Paling wong diukum mriki nan kemawon. Sing ilang nggih duko wonten pundi,
boten mangertos.

Bj : Punopo Ibu inggih mireng konco-konco Tahanan ingkang dipun kerja bhakti
damel Bendungan Kaliwadas Comal? Mireng boten?

Karsem : Inggih mireng, nanging tiyang-tiyange kulo boten mangertos, tiyang pundi,
inggih.

Bj : Mireng nggih. Nanging Ibu ningali piyambak punopo boten, mriko.

Karsem : Boten

Bj : Lha, Ibu, sapuniko rak ibarate sampun seket wolung tahun. Peristiwa sampun
bibar. Punopo ingkang badhe Ibu kersaaken bab peristiwa makaten.
Punopo Ibu sampun pikantuk keadilan punopo kados pundi.

Karsem : Inggih sampun wonten keadilan. Amargi perasaane kulo sampun aman.

Bj : Perasaane Ibu sampun aman.

Karsem : Inggih, nyatane kulo tiyang bodo, Pak.

Bj : Kinten-kinten ingkang badhe Ibu harapkan puniko punopo.

Karsem : Ingkang kulo arep-arep, nggih kedah wonten kepripun kalih Bapak Ketua
punopo sinten, arane melas kalih kulo, menopo ingkang dipun pikirno, niku Pak.

Bj : Punopo wonten saderek Ibu ingkang dipun culik ugi dipun pejahi?

Karsem : Boten wonten.

Bj : Lajeng, Bapake njenengan niku akhirnya kepanggih wonten pundi.

Karsem : Mboten kepanggih, ical dugi sapriki.

Bj : Berarti Bapake panjenengan rak ical.

Karsem : Duko icale wonten pundi, boten mangertos. Ngapunten.

Bj : Berarti menawi IBu saged usul, pitaken wonten pundi kubure Bapak supados
mangertos. Kedah makaten.

Karsem : Usule kalih sinten, Pak. Boten mangertos.

Bj : Berarti, pokoke Bapak ical, nggak jelas kubure dugi sapriki.

Karsem : Sampun putuse kados niku, Pak. Soale kulo lajeng dados kepikiran terus, Pak.
Syukur dak tutup kemawon.

Bj : Baiklah Ibu Karsem, dalem ngaturaken panuwun ingkang kathah lan inggih
nyuwun pangapunten cerito puniko boten berarti dalem badhe mbikak luka
lama, nanging puniko termasuk kangge meluapkan unek-unek panjenengan.
Supados boten ngganjel, lan pengalaman puniko supados dados pelajaran
kangge generasi yang akan datang.

                       Peristiwa 1965 adalah peristiwa yang betul-betul merupakan kejahatan           
                       kemanusiaan yang luar biasa yang sampai sekarang belum diselesaikan.  
                       Kiranya Negara/Pemerintah perlu mendengarkan  suara Ibu Karsem ini. 

                       Cobi, Ibu, ngendiko andaikata saya ini Pemerintah, silakan  mau usul apa. 

Karsem : Usule kepripun, nggih. Usule, nggih nyuwun tulung supados diurus kanthi bener-
bener, Pak. Men kulo uripe seneng, pingin opo bae klakon, men kulo sehat.
Nyatane kulo tiyang bodho boten saged usul ingkang kepripun-pripun.

Bj : Inggih, Ibu matur nembah nuwun.

Karsem : Sami-sami, Pak.

Bj : Ibu kersane sabar. Niki sampun mulai ketingal radi sae amargi kita berjuang
bersama YPKP 65.

(Ibu Karsem menangis terisak-isak mengenang kejadian 58 tahun yang silam, peristiwa yang
menimpa dirinya, kejahatan kemanusiaan yang luar biasa pedih terhadap dirinya).

******

Don't miss the stories follow YPKP 1965 and let's be smart!
Loading...
0/5 - 0
You need login to vote.

TEMU KORBAN 65/YPKP65

Tempat Penahanan Tahanan Politik Tragedi 1965/1966 di Tanah Datar Sumatera Barat

Related posts
Your comment?
Leave a Reply